Tinimbang
sepi... 😜😝😛😎😩
Anak Bapak
Anak: 
pak yoopo carane nglebokno gajah nang njero kulkas ? 

Bapak: 
yo gak iso le... Gajah kok dilebokbo kulkas. 
Anak: 
yuwalah. Bapak ku, rek... Ngunu ae gak iso..
Bapak : 
La, koen iso ta nglebokno gajah nang njero kulkas ?
Yoopo..?.
Anak: 
yo Gampil, Pak. Carane, Gajahe dicekel.., lawang kulkase
dibuka.., trus gajahe dilebokno. Tutup lawang kulkase. Wiss. 
Bapak: 
ealahh..., Nak. Ngunu tok tah.. ?
Anak: 
Yo ngunu, carane nglebokno gajah nang kulkas. Maneh yo
pak.. Saiki yoopo carane nglebokno sapi nang jero kulkas.. ??
Bapak: 
Bahahaha.. 
Badekanmu tak jawab ambek kayang, yo.. Gampang.. sapine
dicekel, lawang kulkase dibuka, trus sapine langsung dilebokno, tutupp lawang
kulkasee.. yo kann.. ??? 
Anak : 
Hahaha. Sampean atik kayang barang.. Salah, pakk. Gak
isooo... 
Bapak: 
Lohh... Kok gak iso ?? 
Anak: 
Iyo. Kan sik ono gajah nang jero kulkas. Dadi.. Kulkase
dibuka, gajahe ditokno disek, nek wis.. sapine dicekel, dilebokno kulkas, trus
ditutup. 
Bapak: 
Eaalaaah. Nurut sopo kon Nak.. 😇😇😇
Anak: 
terusno yo pak.. Saiki, nek balapan mlayu, gajah mungsuh
sapi, sopo sing tekan finish disek.. ???
Bapak: 
Yo sapiiiii.   😀😀😀😀
Anak: 
oo, sampean njawab banterr, tapi salah.. Yo cepet gajah
sing finish, Pak..
Bapak: 
Beghh... Kok iso le?? 😇😇😇
Anak: 
La sapine kan sik nang jero kulkas. Durung ditokno... 
Bapak: 
Karepmu, Lee. 
Anak: 
La kok mangkel. Ojo mangkelan taa. 
Sepisan maneh pak.. 
Bapak: 
Ono maneh?? 
Anak: 
yoopo carane nimbang, supoyo Bapake Gajah karo Anake gajah,
abote podo..??
Bapak: 
Kon ngarang ae.. Bapake gajah mesti luwih gede teko
anakke.. Mesti bapake luwih gede, yo luwih abott.. 
Anak: 
yo ngunu nek waton njawab, Padahal gampang.
Bapak: 
yoopo ?? 
Anak:
 kari di photo ae.. Bapake gajah photo, anake gajah yo
di photo.. Pas photo ukuran 4 x 6.. Trus ditimbang.. Podoooo.. 
Bapak: (garuk garuk cagak omah, gregeten)
Anak: 
Pak.. pak,,
Bapak: 
opo
Anak : 
nek gajah karo sapi nglamar kerjo, sopo sing diterimo..??
Bapak: 
embuh.
Anak: 
Sampean tak kandani ae. sing diterimo kerjo Gajah,
pak... 
Bapak: 
Kok iso.. ??
Anak: 
Lamarane gajah lengkap ono pas photoe. Sapi gak ono
photoe.. 
Pak?.. Pak... ? Bapak.. 
😀😀😀😀
 😀😀😀😀

No comments:
Post a Comment